Mengenai Saya
LupH diittaa
Jumat, 25 Februari 2011
MITOS
Menawa dhewe teka neng objek wisata Dataran Tinggi Dieng, dhewe bakal nemoni bocah-bocah kang duwe rambut gimbal. Wong-wong nang tlatah kono njenengi bocah-bocah kang duwe rambut gimbal kuwi kanti aran “bocah Bajang”.
Leluhur padha karo luhur-luhur, yaiku kang ana ing dhuwur-dhuwur. Ana sing nyebut, para eyang sing wis seda utawa surud ing kasedan jati. Wong Jawa uga ana sing nyebut, para eyang sing wis kondur ana ing tepet suci, lokabaka utawa alam kelanggengan.
Ing tlatah Surakarta uga ana sing nyebut eyang sing wis suwargi, amarga percaya menawa arwah eyange wis munggah ana ing suwarga. Tradisi nyadran tumrap wong Jawa dianggep perlu lan penting. Umume ditindakake ing sasi Ruwah(saka tembung Arab arwah), sepuluh dina sakdurunge ngibadah pasa, akeh kang padha nyekar para leluhur.
Rama Sudi Yatmana negetung siji mbaka siji wiwit saka bapa biyung tekan sapandhuwure. Ana ing ngelmu Kejawen, wiwit anak lan bapa biyung sapandhuwur sinebut sejarah rolas sing gunggungane kabeh ana 4.094. Pilahane, bapa biyung 2, mbah 4, buyut 8, canggah 16, wareng 32, udheg-udheg 64, gantung siwur 128, gropak senthe 256, tebu sinosog 512, petarangan bubrah 1.024, amun-amun 2.048.
Tradisi Jawa pancen unik, nduweni ngelmu sing menehi pepeling marang anak(putu) supaya ngerti marang leluhur. Anak dikekudhang supaya ngerti bapa biyung sing ngukir jiwa ragane. Sabanjure digulawenthah supaya ngerti marang mula bukane wiwit mbah, mbah buyut, canggah, wareng, lan sapendhuwure. Ana sesebutan liyane supaya anak putu ngerti silisilahe.
Sawise ngerti, diweling supaya dipepundhi, amarga kabeh mau pepundhene. Ing sasi ruwah iki akeh pepundhen kang disowani lan diresiki. Nyadran tumrap wong Jawa dianggep wigati, amarga ana bab kang sambung karo tradisi spiritual. Istilah tradisi, muola bukane saka tembung latin tradere utawa traditio(basa mancane transit, handing down), tegese ” maringake saka ndhuwur”. Sing diparingake babagan kang nduweni nilai kang adi(luhur, luhung).
Tumurune bab kang adi mau ana sing wujud piwulang(ajaran, doktrin) religi, nanging uga ana kang awujud piwulang metafisika. Ana ing jagad Kejawen, akaeh banget tradisi sing ana sambung rakete karo slametan. Cliffort Geertz, sing nulis buku Abangan, Santri, Priyayi dalam Masyarakat Jawa, gamblang anggone ngandharake bab slametan ing masyarakat Jawa. Akeh banget tata cara slametan sing dianake ing tlatah pradesan Mojokutho(Pare) Jawa Timur. Tradisi sing gegayutan karo slametan lan leluhur uga dijlentrehake dening Koentjoroningrat ing bukune Kabudayan Jawa. Masyarakat singngrasuk paham(teologi) Jawa padha nindakake upacara nyadran ing sasi Ruwah supaya padha ora lali marang asal-usule.
Rama Sudi Yatmana kanthi pratitis nyebut tilik kubur, besrik kubur, resik kubur, kirim donga, slametan, memule utawa nyandi, ruwahan, ziarah, misa arwah, ngesur tanah, nelung dina, mitung dina, matang puluh, nyatus, mendhak pisan, mendhak pindho, nyewu, khol, lan sapiturute. Kajaba saka iku, uga nyebut upacara sraddha minangka pengetan sedane Gayatri dening Prabu Hayam Wuruk ing taun 1362. PJ Zoetmulder anan ing buku Kalangwan uga nyritakake bab upacara sraddha kanggo mengeti sedane Tribhuwana Tungga Dewi taun 1350. Upacara sraddha minangka pengetan raja-raja sing wis puput yuswa uga sinebut ing kidung Banawa Sekar, nganggo ubarampe wujud baita(prau) sing digawe saka kembang(puspa, sekar).
Ya amarga saka upacara iku, sing diarani nyadran saka tembung sraddha, nyraddha, nyraddhan, terus dadi nyadran. Tradisi upacara nyadran ora bisa pisah karo kembang(mawar, kenanga, mlati lan liya-liyane). Tradisi nyadran pranyata wis lumaku wiwit jaman Majapahit nganti saiki. Pakurmatan kanggo leluhur isih lestari tekan saiki lan dipepetri dening masyarakat ing tlatah padesan.
Babagan tilik kubur utawa ziarah pancen dipratelakake ana ing agama Islam supaya padha kelingan bab pati. Bab pati ana sesambungane karo bab urip sing ora suwe. Paribasane kaya wong mampir ngombe. Mula ana tembang Dhandanggula sing muni: Sanepane wong urip puniki, aneng ndonya iku umpamanya, mung kaya wong mampir ngombe, umpama manuk mabur, lepas saking kurunganeki, pundi mencoking benjang, aja kongsi kleru, umpama wong njan sinanjan, ora wurung mesthi bali mulih, mring asal kamulanya. Pungkasane, nyadran iku ngluhurake leluhur kang tundhone supaya eling lan manembah marang Kang Maha Luhur.
Intine rembug, sakabehing titah kudu tansah mbekteni marang leluhur, snajan wis mapan ing alam kelanggengan. Salah sawijining amalan kang ora pedhot ganjarane yaiku dongane anak putu kang sholeh lan sholehah marang bapa ibu lan para leluhur. Dadi ora teges anak putu nyembah marang arwahe para leluhur, ananging ndongakake supaya arwahe para leleuhur kapapanake ing papan kang mulya ing sandhinge Gusti. Bektine anak kudu mikul lan mendhem jero karo wong tuwa.
Minggu, 12 Desember 2010
Layang Pribadi
LAYANG PRIBADI
Sembah pangabekti
Katur Simbah ing Lampung
Nuwun, kanthi serat menika kula ngaturi priksa dhumateng simbah, bilih ingkang sakaluwarga ing Ngayogyakarta tansah ginanjar kabagaswarasan lan katentreman, mugi-mugi simbah ing mrika yansah pinaringa kawilujengan saking Allah SWT.
Kejawi menika kula ngaturi priksa bilih sekolah prei ing wulan Desember. Mbok menawi pareng kula lan ibu badhe sowan ing Lampung mriki kangge liburan.
Wasana, matur nuwun kangge simbah, menawi wonten kalepatan nyuwun pangapunteun. Nuwun.
Putumu
Dita Anggraini
Layang Prajajnjen
Godean, 27 April 2010
PRAJANJEN
Ingkang tapak asma ing ngandhap menika :
Nama : Reni Heruwati
Padamelan : Perawat
Alamat : Sumber Gamol, Balecatur, Gamping, Sleman,
Minangka pihak I
Damel prajanjen kaliyan :
Nama : Dian Siwi Lestari
Padamelan : Apoteker
Alamat : Bandelan, Moyudan, Sleman,
Minangka pihak II
Pihak I kaliyan pihak II ngawontenaken prajanjen, ingkang isinipun :
- Griya ing Perumahan Griya Asri Palem Hijau no 9 Sleman dipuntumbas pihak II kanthi regi Rp 150.000.000,00 (satus seket yuta)
- Nalika tanggal 27 April 2010, pihak II nembe mbayar dhateng pihak I kathahipun Rp 90.000.000,00 (sangangdoso yuta rupiah), dene kekiranganipun badhe dipun cicil dangunipun sewulan, wiwit tanggal 27 April 2005 ngantos tanggal 27 Mei 2010.
- Menawi wonten prakawis ingkang dumados sadangunipun wekdal prajanjen badhe karampungaken kanthi pasedherekan.
Kula
Pihak II Pihak I
Dian Siwi Lestari Reni Heruwati
Seksi
1. Dita Anggraini 2. Dina Nanda Sari
