LupH diittaa

Jumat, 25 Februari 2011

MITOS


SI BOCAH BAJANG


Menawa dhewe teka neng objek wisata Dataran Tinggi Dieng, dhewe bakal nemoni bocah-bocah kang duwe rambut gimbal. Wong-wong nang tlatah kono njenengi bocah-bocah kang duwe rambut gimbal kuwi kanti aran “bocah Bajang”.

Pratandhane bocah bajang wis bisa dideleng wiwit bayi umur 40 dina. Biasane si bocah awake panas banget. Wong-wong neng Dieng pracaya menawa bocah-bocah bajang kuwi bocah kesayangane roh-roh ghaib kang nunggoni Dataran Tinggi Dieng kang dititipke Nyai Roro Kidul. Dadine menawa wis tekan wektune, bocah-bocah kuwi bakal disuwun dening Nyai Roro Kidul. Amarga kuwi, si bocah bajang mesthi diayomi kanthi premati banget. Apa wae kang disuwun bocah bajang mesthi dikabulake. Menawa ora, wong tuwane pracaya bakal nemu piweleh lan alangan kang gedhe. Amarga kuwi kanggo wong tuwa kang duwe bocah bajang, wektu bocahe umur 6 taun kudu nganakake ruwatan kanggo nyukur rambut gimbale minangka pratandha masa titipan bocah saka Sang Ratu wis dipungkasani utawa rampung wektu kuwi uga.
Mitos liyane nyebutake, jare si bocah bajang kang wis ana wiwit atusan taun biyen iki yakuwi titisane Kyai Kaladhete, manungsa kang pisanan mbukak Daerah Dieng. Kyai Kaladhete tau nggawe sumpah ora bakal siram lan nyukur rambute sakdurunge desa kang nembe wae dibukak kuwi durung makmur. Dadine menawa sakwise kuwi ana bocah putune kang duwe rambut gimbal, kuwi pratandha menawa desane bakal reja. Amarga kuwi dibutuhake ritual khusus kanggo nyukur rambut gimbale supaya ora ana kedadean ala ing tembe buri.
Dene prosesi ruwatan kang dipimpin langsung dening tokoh spiritual kuwi ana aturan kang wis gumathok lan kudu dilakoni supaya tekan puncak acara bisa diadohke saka gangguane jin lan setan. Dene aturan kuwi yaiku wajib nglakoni lakon spiritual menyang pirang-pirang panggonan kaya Tuk Bimo Lukar, kanggo nyuwun ijin marang Sang Bahurekso, Pangeran Bimo, banjur menyang puncak Gunung Kendil. Kanggo ngaturake caos dhahar (persembahan) marangt roh leluhur Kiai Kaladete lan Nyai Larascinde banjur kang pungkasan menyang Pertapaan Mandalasari Gua Semar kanggo nglakoni semedhi. Isuke, prosesi ritual nyukur rambut diwiwiti nganggo pagelaran seni tradisional tari topeng, kang disuguhake kanggo nyenengake para penguasa jagat mistik dedemit. Bar kuwi, si bocah kang diruwat dimunggahake nang dhokar kanggo diarak menyang Telaga Warna, diiringi barisan kang nggawa sesajen lan barang-barang kang disuwun si bocah bajang. Menawa kabeh wis cumawis, nembe rambut gimbal dicukur marang tetua desa banjur cukuran rambute digawa menyang Nyi Roro Kidul kanti cara dilarung. Jarene, menawa panyuwune si bocah ora dikabulake dening wong tuwane, rambute bakal gimbal maneh.
Wusana Adat Betawi

NYADRAN

Leluhur padha karo luhur-luhur, yaiku kang ana ing dhuwur-dhuwur. Ana sing nyebut, para eyang sing wis seda utawa surud ing kasedan jati. Wong Jawa uga ana sing nyebut, para eyang sing wis kondur ana ing tepet suci, lokabaka utawa alam kelanggengan.

Ing tlatah Surakarta uga ana sing nyebut eyang sing wis suwargi, amarga percaya menawa arwah eyange wis munggah ana ing suwarga. Tradisi nyadran tumrap wong Jawa dianggep perlu lan penting. Umume ditindakake ing sasi Ruwah(saka tembung Arab arwah), sepuluh dina sakdurunge ngibadah pasa, akeh kang padha nyekar para leluhur.


Rama Sudi Yatmana negetung siji mbaka siji wiwit saka bapa biyung tekan sapandhuwure. Ana ing ngelmu Kejawen, wiwit anak lan bapa biyung sapandhuwur sinebut sejarah rolas sing gunggungane kabeh ana 4.094. Pilahane, bapa biyung 2, mbah 4, buyut 8, canggah 16, wareng 32, udheg-udheg 64, gantung siwur 128, gropak senthe 256, tebu sinosog 512, petarangan bubrah 1.024, amun-amun 2.048.
Tradisi Jawa pancen unik, nduweni ngelmu sing menehi pepeling marang anak(putu) supaya ngerti marang leluhur. Anak dikekudhang supaya ngerti bapa biyung sing ngukir jiwa ragane. Sabanjure digulawenthah supaya ngerti marang mula bukane wiwit mbah, mbah buyut, canggah, wareng, lan sapendhuwure. Ana sesebutan liyane supaya anak putu ngerti silisilahe.

Sawise ngerti, diweling supaya dipepundhi, amarga kabeh mau pepundhene. Ing sasi ruwah iki akeh pepundhen kang disowani lan diresiki. Nyadran tumrap wong Jawa dianggep wigati, amarga ana bab kang sambung karo tradisi spiritual. Istilah tradisi, muola bukane saka tembung latin tradere utawa traditio(basa mancane transit, handing down), tegese ” maringake saka ndhuwur”. Sing diparingake babagan kang nduweni nilai kang adi(luhur, luhung).
Tumurune bab kang adi mau ana sing wujud piwulang(ajaran, doktrin) religi, nanging uga ana kang awujud piwulang metafisika. Ana ing jagad Kejawen, akaeh banget tradisi sing ana sambung rakete karo slametan. Cliffort Geertz, sing nulis buku Abangan, Santri, Priyayi dalam Masyarakat Jawa, gamblang anggone ngandharake bab slametan ing masyarakat Jawa. Akeh banget tata cara slametan sing dianake ing tlatah pradesan Mojokutho(Pare) Jawa Timur. Tradisi sing gegayutan karo slametan lan leluhur uga dijlentrehake dening Koentjoroningrat ing bukune Kabudayan Jawa. Masyarakat singngrasuk paham(teologi) Jawa padha nindakake upacara nyadran ing sasi Ruwah supaya padha ora lali marang asal-usule.

Rama Sudi Yatmana kanthi pratitis nyebut tilik kubur, besrik kubur, resik kubur, kirim donga, slametan, memule utawa nyandi, ruwahan, ziarah, misa arwah, ngesur tanah, nelung dina, mitung dina, matang puluh, nyatus, mendhak pisan, mendhak pindho, nyewu, khol, lan sapiturute. Kajaba saka iku, uga nyebut upacara sraddha minangka pengetan sedane Gayatri dening Prabu Hayam Wuruk ing taun 1362. PJ Zoetmulder anan ing buku Kalangwan uga nyritakake bab upacara sraddha kanggo mengeti sedane Tribhuwana Tungga Dewi taun 1350. Upacara sraddha minangka pengetan raja-raja sing wis puput yuswa uga sinebut ing kidung Banawa Sekar, nganggo ubarampe wujud baita(prau) sing digawe saka kembang(puspa, sekar).
Ya amarga saka upacara iku, sing diarani nyadran saka tembung sraddha, nyraddha, nyraddhan, terus dadi nyadran. Tradisi upacara nyadran ora bisa pisah karo kembang(mawar, kenanga, mlati lan liya-liyane). Tradisi nyadran pranyata wis lumaku wiwit jaman Majapahit nganti saiki. Pakurmatan kanggo leluhur isih lestari tekan saiki lan dipepetri dening masyarakat ing tlatah padesan.
Babagan tilik kubur utawa ziarah pancen dipratelakake ana ing agama Islam supaya padha kelingan bab pati. Bab pati ana sesambungane karo bab urip sing ora suwe. Paribasane kaya wong mampir ngombe. Mula ana tembang Dhandanggula sing muni: Sanepane wong urip puniki, aneng ndonya iku umpamanya, mung kaya wong mampir ngombe, umpama manuk mabur, lepas saking kurunganeki, pundi mencoking benjang, aja kongsi kleru, umpama wong njan sinanjan, ora wurung mesthi bali mulih, mring asal kamulanya. Pungkasane, nyadran iku ngluhurake leluhur kang tundhone supaya eling lan manembah marang Kang Maha Luhur.

Intine rembug, sakabehing titah kudu tansah mbekteni marang leluhur, snajan wis mapan ing alam kelanggengan. Salah sawijining amalan kang ora pedhot ganjarane yaiku dongane anak putu kang sholeh lan sholehah marang bapa ibu lan para leluhur. Dadi ora teges anak putu nyembah marang arwahe para leluhur, ananging ndongakake supaya arwahe para leleuhur kapapanake ing papan kang mulya ing sandhinge Gusti. Bektine anak kudu mikul lan mendhem jero karo wong tuwa.